Visit : www.hiphopdiningrat.com

JOGJA HIP HOP FOUNDATION · Booking: +62811284632/ javahiphop@gmail.com Merchandise: +6282134978585 Store: Jogja National Museum - Jl Amri Yahya 1 Yogyakarta

Dayilmu.blogspot.com Dayilmu.blogspot.com Dayilmu.blogspot.com Dayilmu.blogspot.com
Dapatkan Info terbaru lewat Twitter By Dayilmu.blogspot.com @Dayilmu

Monday, January 2, 2012

Kulonuwun [Rotra]

Yeah Rotra..
Yeah Rotra, Rajapati..

Nderek langkung nuwun sewu
Njaluk donga lan restu (ji, ro, lu)

Aku tak nyoba melu mlebu
Nek ora entuk mengko tak gajul (matamu, prek su)

Coba rungokna, apa sing tak kandhakna
Nek ora seneng kono kowe dha minggata
Aku ra ngurus kowe arep omong apa
rasah dha kemlinthi aku ra wedi
Nek perlu kowe mengko tak antemi, yea..

Jarene wis ra sudi, kok isih dha ngrasani
Kanca-kanca sing arep dha mulai (gapi)
Arep mbok arani aku wagu yo karepmu, kuwi hakmu
Mangsamu nyothe apik dhewe (ngono po su)

Rajapati, ra tau wedi, ngadhepi sesumbarmu sing sajak nggegirisi
Apa padha ra ngerti yen ning kene ono MC
Sing ra tau mati, nggulowenthah hip-hop tekan saiki yo..
Iki gatra sing angka siji, seka aku rasah dha meri
Melu rotra kabeh ra bakal rugi, aku ra ngapusi
Ayo dadi siji ngadhepi mungsuh-mungsuh sing saya kemaki
Mugi gusti ngapurani, kawula alit sing kebak dosa iki

Yo ki ageng gantas, gek ndang di (brantas) wis saya (panas)
Sumangga kersa dipun (babat tuntas)
(Kula nuwun) kula badhe nglantun aken, tembang saking lebeting manah
(Sampun kakean polah) mangga sami jumangkah
Sami nyelak mboten pareng ribut (mangkih ndak dhawah)
Sumangga sami mireng nanging kedah sing anteng

(Lho.. Kok anteng) pun mangga sami jumeneng
Sumangga sareng-sareng, kaliyan kula lan sedaya ingkang saweg pesta
Wonten dinten menika mboten pareng crah sulaya
Supados... Kawontenan tansah tentrem, adem, ayem
Ati marem, mesam-mesem lan sumringah ugi bungah

Menawi mboten pitados (kulo aturi minggat)
Sedaya ingkang ten riki (saget tumindak nekat)
Pun mas.. Mboten iso aten-atenan bablas...

(Bablas, menapa milih babak bundhas)
Kok njenengan kendel tenan nopo pun duwe cekelan
Kok wantun eyel-eyelan nopo pancen ampuh tenan
Lho niko wadyabala kula sampun sumadya

Matek aji, gaman sami, dipun unus ing ngarsa
Menawi mekaten mangga sinten badhe ngendika
Kula ki ageng gantas (sampun cekap atur wicara)

Rotra, Rajapati, Ki Ageng Gantas, Brantas Tuntas


2 comments:

Krishna said...

Kulonuwun ,,,,
tembange jan joss tenan ,,,
salam salim dumateng RotrA, Ki Ageng gantas kalian Rajapati ,,, saking kawulo wonten mriki ,,,

# KresnO #

Kaum Kusam said...

Nderek langkung nuwun sewu
Njaluk donga lan restu (ji, ro, lu)

Aku tak nyoba melu mlebu
Nek ora entuk mengko tak gajul (matamu, prek su)

Josss

Post a Comment

Dayilmu.blogspot.com Dayilmu.blogspot.com Dayilmu.blogspot.com Dayilmu.blogspot.com Dayilmu.blogspot.com Dayilmu.blogspot.com Dayilmu.blogspot.com Dayilmu.blogspot.com