Visit : www.hiphopdiningrat.com

JOGJA HIP HOP FOUNDATION · Booking: +62811284632/ javahiphop@gmail.com Merchandise: +6282134978585 Store: Jogja National Museum - Jl Amri Yahya 1 Yogyakarta

Dayilmu.blogspot.com Dayilmu.blogspot.com Dayilmu.blogspot.com Dayilmu.blogspot.com
Dapatkan Info terbaru lewat Twitter By Dayilmu.blogspot.com @Dayilmu

Monday, January 2, 2012

Ngelmu Pring [Rotra]

Pring reketeg gunung gamping ambrol,
Ati kudu teteg ja nganti urip ketakol
Pring reketeg gunung gamping ambrol,
Uripa sing jejeg nek ra eling jebol

Pring reketeg gunung gamping ambrol,

Ati kudu teteg ja nganti urip ketakol
Pring reketeg gunung gamping ambrol,
Uripa sing jejeg nek ra eling jebol

Pring deling, tegese kendel lan eling

Kendel marga eling, timbang nggrundel nganti suwing

Pring kuwi suket, dhuwur tur jejeg

Rejeki seret, rasah dha buneg

Pring ori, urip iku mati

Kabeh sing urip mesti bakale mati

Pring apus, urip iku lampus

Dadi wong urip aja seneng apus-apus

Pring petung, urip iku suwung

Sanajan suwung nanging aja padha bingung

Pring wuluh, urip iku tuwuh

Aja mung embuh, ethok-ethok ora weruh

Pring cendani, urip iku wani

Wani ngadepi, aja mlayu marga wedi

Pring kuning, urip iku eling

Wajib padha eling, eling marang Sing Peparing

Pring reketeg gunung gamping ambrol,

Ati kudu teteg ja nganti urip ketakol
Pring reketeg gunung gamping ambrol,
Uripa sing jejeg nek ra eling jebol

Pring reketeg gunung gamping ambrol,

Ati kudu teteg ja nganti urip ketakol
Pring reketeg gunung gamping ambrol,
Uripa sing jejeg nek ra eling jebol

Pring iku mung suket,

Ning omah asale seka pring,
Usuk seka pring,
Cagak seka pring,
Gedhek iku pring,
Lincak uga pring,
Kepang cetha pring,
Tampare ya mung pring

Kalo, tampah, serok, asale seka pring

Pikulan, tepas, tenggok, digawe nganggo pring
Mangan enak, mancing iwak, walesane ya pring
Jangan bung, aku gandrung, jebule bakal pring

Nek ngono pancen penting, kabeh sing nang nggon wit pring

Pancen penting tumraping manungsa sing dha eling
Eling awake, eling pepadhane, eling patine, lan eling Gustine

Wong urip kudu eling, iso urip seka pring

Tekan titi wancine ya digotong nganggo pring
Bali nang ngisor lemah, padha ngisor oyot pring
Mulane padha eling, elinga Sing Peparing

Pring reketeg gunung gamping ambrol,

Ati kudu teteg ja nganti urip ketakol
Pring reketeg gunung gamping ambrol,
Uripa sing jejeg nek ra eling jebol

Pring reketeg gunung gamping ambrol,

Ati kudu teteg ja nganti urip ketakol
Pring reketeg gunung gamping ambrol,
Uripa sing jejeg nek ra eling jebol

Ora bakal bubrah marga iso melur

Kena dinggo mikul, ning aja ketungkul
Urip kuwi abot, ja digawe abot
Akeh repot, sak trek ora amot

Mulane uripmu aja dha kaku

Melura, pasraha, ra sah dha nesu
Aja mangu-mangu ning terus mlaku
Sanajan ro ngguyu aja lali wektu

Kowe bakal bisa urip rekasa

Ning kudu percaya uga sregep ndonga
Gusti paringana, luwih pangapura
Marang kawula ingkang kathah lepat lan dosa

Aja nggresula, aja wedi

Dudu kowe, ning Gusti sing mesti luwih ngerti
Ngatur urip lan mati,
Nyukupi rejeki,
Paring tentreming ati,
Cukup sandang pangan papan,
Bakal mukti pakarti

Pring reketeg gunung gamping ambrol,

Ati kudu teteg ja nganti urip ketakol
Pring reketeg gunung gamping ambrol,
Uripa sing jejeg nek ra eling jebol

Pring reketeg gunung gamping ambrol,

Ati kudu teteg ja nganti urip ketakol
Pring reketeg gunung gamping ambrol,
Uripa sing jejeg nek ra eling jebol

No comments:

Post a Comment

Dayilmu.blogspot.com Dayilmu.blogspot.com Dayilmu.blogspot.com Dayilmu.blogspot.com Dayilmu.blogspot.com Dayilmu.blogspot.com Dayilmu.blogspot.com Dayilmu.blogspot.com